Ketabrak Bis ing ratan gedhe Purwodadi-Semarang, Sawijine Wanita Tiwas
Selasa, 1 April 2025

Header Menu


Ketabrak Bis ing ratan gedhe Purwodadi-Semarang, Sawijine Wanita Tiwas

11 September 2012



MargoyosoUpdate.com - Sawijine kacilakan dialami dening wanita warga Godong, Grobogan. Korban tiwas kanthi nandhang tatu ing sirahe sawise ditabrak bis jurusan Semarang-Purwodadi. Polisi kang teka langsung nindakake olah TKP lan ngamanake bis.
Siti Fatimah, warga Manggar Mas, Godong, Grobogan tiwas ing papan kedadeyan sawise ditabrak bis jurusan Semarang-Purwodadi kanthi nomer polisi H 1063 AA ing ratan gedhe Purwodadi-Semarang. Kacilakan kedadeyan nalika korban arep nyabrang, ananging saka arah kang padha ana bis mlaku. Sanajan bis wis ngunekake klakson, ananging korban nekad menggok nengen lan apes bis nabrak korban satemah tiwas sanalika. Kajaba nabrak korban, bis uga nabrak lapak dagangan duweke warga. Polisi kang teka langsung nindakake olah TKP sarta ngamanake bis. Korban tiwas amarga sirahe nandhang tatu. Korban langsung digawa menyang omahe kang meneri cedhak karo papan kedadeyan. Kasus kacilakan kasebut ditangani pehak Unit Kecelakaan Polres Grobogan kanthi ngamanake sopir lan bis. (Nur Soli - Grobogan)

Loading